Sebutna dasanamane gunung!
Jawaban:
Dasanamane gunung yaiku aldaka, ancala, ardi, bukita, giri, meru, parwata, prabata, redi, lan wukir. Ing ngisor iki bakal tak jlentrehake apa iku tembung dasanama lan tuladhane.
Pembahasan
Tembung dasanama, yaiku tembung ingkang ana pirang-pirang ananging namung miduweni siji teges sing padha, ingkang ing bahasa Indonesia tegese sinonim. Tuladhane tembung dasanama, antarane :
- Sesorah = Medharsabda, Pidato
- Pranatacara = Pambyawara, Pranata Titilaksana, Pranata Adicara, Pambiwara, MC.
- Pahargyan = Pawiwahan, Pasamuan, Climen, Slentheman.
- Sasi = Rembulan, candra, badra, basanta, kirana, wulan, lek, sitaresmi, sasadara, sitengsu, soma.
- Ali-Ali = Kalpika, Cincin.
- Gunung = Aldaka, ancala, ardi, bukita, giri, meru, parwata, prabata, redi, lan wukir